Cerita bahasa jawa " akulah yang terbaik untukmu


Akulah yang terbaik untukmu


            Iki dina pertama Thalita dadi murid ing SMA Persada bangsa. Seanjoge neng gerbang sekolah Thalita mandengi tulisan sing ana neng pinggir gerbang. Ya, ikulah sekolah anyare Thalita “SMA PERSADA BANGSA”. Asline dheweke ora pengin sekolah neng kana, nanging Thalita dipaksa dening bapak karo ibune akhire dheweke manut. Kanthi rasa sungkan Thalita mlaku mlebu maring sekolahan kuwi, nanging langkahe mandeg nalika ana motor sing arep nabrak Thalita. Thalita mung nahan nafas nalika ndelengake ban motor mandeg neng pinggir sikile. Kanthi rasa wedi Thalita ngelinguk wong sing arep nabrak dheweke. Thalita ora bisa ndeleng praupan bocah kuwi sebab ketutupan helm, nanging sing pasti kue bocah lanang sebabe Thalita weruh celana seragame. Mendadak bocah kuwi mbuka heleme lan mandengi Thalita sedelat tok banjur jalan maning.
”Nengapa ing dina pertama mlebu sekolah aku malah ketemu wong sing mbangkani kaya kue sih !” Omongane Thalita rada dugal.
* * * * *
# Ing kelas ...
            “Stefira Tedjo ?”
            “wonten”
            “Steven Andrea Halim ?”
            “wonten pak”
            “Sugiarto”
            “hahahahaha...” Ngguyune bocah-bocah sekelas krungu jeneng sing di undang Pak Adam, wali kelas X 5 sing anyar.
            “huss.. meneng.. meneng..  !! Loken jenenge wong di guyu, ora sopan kuwi !! Saiki bapak ulangi maning Sugiatro ?? Ana apa laka ??”
            Bocah sekelas pada melongo kabeh nailika ana bocah lanang ngganteng sing ngangkat tangane.
            “Wonten pak, kulo Sugiarto” Jawabe bocah lanang kuwi.
            “Waah.. terus Bapak ngundange sopo iki ??” Pitakone pak adam bingung.
            “Sakarepe Bapak mawon, nanging kulo luwih seneng di timbali Ato” Jawabe bocah lanang kuwi sing jebulen jenenge Sugiarto (Ato).
            Pak Adam mung manggut-mangguhe. Dweke gumun, ing jaman modern kaya kiye esih ana jeneng Sugiarto.
            “Yo wis Bapak teruske, Tantiana Atika Sari ?”
             Salah siji bocah ngangkat tangane lan Thalita mung bisa melongo mandengi bocah wdon kuwi. Dhewekw ora nyangka yen kelas anyare isine bocah-bocah sing praupane ana ing nduwure rata-rata.
            “Thalita Wina Sucipto ?”
            Thalita esih melongo mandengi Tantiana wae.
            “Thalita Wina Sucipto, ana apa ora ?” Pitakone Pak Adam
            Fira batir sebangkune Thalita nyikiut Thalita seru.
            “Aduh.. apa sih ??” Pitakone Thalita bingung
            “Kaeh di undang Pak Adam !” Jentika Fira nuding maring Pak Adam. Thalita langsung ngangkat tangane.
            “Ehh.. kulo Pak” Ucape Thalita karo mesem-mesem.
            Pak Adam ngangguk, banjur ngabsen kelas iku siji-siji.
* * * * *
            Bel istirahat wis moni, Fira ngejak Thalita maring kantin.
            “Tha, kantin yuh ? Ngelih kyeh” Ajake Fira karo ngelus-ngelus wetenge. Thalita ngangguk.
            Nalika bocah loro kue arep metu, ujug-ujug ana bocah lanang sing katone lagi bingung nggeti salah sawijining bocah.
            “Ngampuntene Mas, ngucali sinten nggih ?” Pitakone Thalita maring bocah lanang kuwi.
            “Weruh Atika ora ?” jawabe bocah lanang kuwi.
            Atika sinten nggih ? kulo murid anyar teng kelas niki dadose dereng kenal sedoyo” Jelasku.
            “Hmmm.. Tantiana Atika maksude aku”
            “Oh.. Tantiana, teng kantin dhea. Wonten menapa to Mas ?” Pitakonku pengen ngerti.
            “Oh.. Ora apa-apa sih, Ya wis lah nek laka” Jawabe bocah kuwi, banjur arep lunga tapi ora sida.
            “Yen mlaku ati-ati. Aja nengah-nengah, neng pinggir be esih lega koh” Banjur bocah lanang kuwi lunga ninggalna Thalita lan Fira.
            Thalita melongo ndelengake bocah lanang kuwi, dheweke nyadar yen bocah kuwi sing nabrak dheweke mau esuk. Akhire Fira mereki Thalita.
            “Aduhh Tha, sapa sihbocah kue ? ngganteng nemen !” Takone Fira terpesona.
            “Aku be ora ngerti Fi, aku kan murid anyar” jawabe Thalita
            “Ora nyesel aku sekolah neng kene, isine bocah ngganteng-ngganteng tok. Nanging kue bocah ka ora sekelas karo dhewek yah ?”
            “Mbokan tah untung yah ora sekelas ? Aku malah kuwatir  wong ngganteng kaya kue sekelas karo dhewek, bisa-bisa kowe ora munggah kelas gara-gara ndelengna bocah kuwi terus lan ora bisa konsentrasi maring pelajaran !” jelase Thalita dawa nemen.
            “Eh.. iya yah, senajan ngganteng nanging nyampe nggawe aku ora munggah kelas nda eman-eman rah ?” Jawabe Fita
            “Nah kueh !” Akhire bocah loro kuwi mlaku bareng maring kantin.
* * * * *
            Jam pelajaran selanjute, Thalita sibuk nggeti informasine bocah lanang sing nabrak dheweke mau esuk maring Listy sing njagong neng bangku ngarepe.
            “Lis, kenal bocah lanang ngganteng, putih, duwur. Kenal ora ?” Pitakone Thalita maring Listy.
            “Bocah lanang neng kene ngganteng-ngganteng kabeh. Mmmm.. nacak sebutke ciri-ciri liyane” Jawabe Listy
            “haduhh.. loken ora ngerti sih ? Mau tah bocahe nggeti Tantiana”
            “Ya wajar lah nggetine Tantiana . Kae bocah kan paling ayu neng sekolahan kiye. Mbokan salah sijine fansne Tantiana sih” Jawabe Listy sakenane.
            “Iya sih” Thalita manyun, nanging Thalita terus takon-takon bocah sing wis nggawe dheweke penasara.
            “Ana apa sih ?” Fira sing maune lagi sibuk ngerjakna tugas banjur melu nggabung.
            “Ahh.. Aku ngarti. Pasti sing dimaksud Ardian kan ?” Jawabe Listy.
            “Ardian ? Ardian sih sapa ?” takone Fira pengin ngerti
            “kae sih, bocah sing kandah karo Thalita pas istirahat” Jawabe Listy.
            “Hah.. Bocah ngganteng sing ngeteni Tantiana ?” Takone Fira seneng. Nanging Thalita mung ngangguk tok.
            “Oh iya, aku kelalen ngomong. Ardian kue kakange Tantiana” Tambahe Listy.
            “Hah..” Thalita melongo. “Kakange ? Kakang kandung ?” Takone Thalita ora percaya.
            “Iya” jawabe Listy singkat.
            “Bisane padha bae kelas sepuluh ? Ardian ora munggah ? Melasi nemen yah, ngganteng-ngganteng nanging goblok. Hahaha” Omongani Fira Ngawur nemen.
            “Hehh.. Ngawur !” Listy medot omongane Fira sing tambah ngawur. “Thalita karo Ardian kue umure beda mung setaun tok. Lagi esih TK Tantiana ora gelem ditinggal dewekan neng ngumah” Jelase Listy.
            “Oh, ngono to” Jawabane Thalita singkat. Saiki Thalita ngerti bocah sing nabrak dheweke mau esuk, jenenge Ardian.
* * * * *
            Wis seminggu Thalita sekolah ing SMA Persada Bangsa. Dheweke mulai nyaman ing sekolah kuwi.
            “Dibuka bukune halaman 3 banjur diwaca. Sawise diwaca soal-soal ing halaman 6 dikerjakna, yen wis rampung olih dikumpulna” Jarene Pak Budi guru Biologi.
            “Nembe seminggu sekolah, nanging wis akeh tugas. Huhh mbangkani” Ucape Thalita Lirih.
            “Nengapa Tha ?” Takone Tantiana.
            “Ehh.. Ora papa Na” Jawabe Thalita karo mesem.
            “Oh, ngono to. Yo wis dikerjakna wae soal-soale, waktune mepet loh” Sarane Tantiana.
            “Oke” Jawabe Thalita nyante. Nanging dheweke bingung arep nulis apa ing bukune sing kudune diisi jawaban soal. Thalita malah nglamuni Ardian bae.
            “kira-kira Ardian wis due pacar durung yah ? pastine tah wis. Loken bocah ngganteng kaya kae durung due pacar. Ahh.. mikiri apa sih aku” Bathine Thalita ngomel-ngomel.
            “Tha, kowe ngelamun ya ?” Ngelamuni apa sih?” Takone Tantiana bingung.
            “Hah.. Oh.. Eh.. Ora.. Ora ngelamuni apa-apa ka”  Jawabe Thalita langsung maca bukune
            “Palingan lagi ngelamuni Ardian. Hehehe” Jawabe Fira nggoda Thalita.
            “Ardian ? Ardian sapa sih ?” Takone Thalita apen-apen ora ngerti.
            “Ardian kakange Tantiana. Sih Ardian sapa maning” Jawabe Fira.
            “Ardian kakange aku ?” Takone Tantiana bingung
            “Iya Na, kakange kowe sing ngganteng kae sih ?” Jelase Fira.
            “Kakange Tantiana ? Kakange Tantiana sing ndi sih ? Aku ora kenal kueh” Thalita esih apen-apen ora ngerti.
            “Hmmmm.. Yen ora ngerti ngko tak kenalna wis” Tantiana mesem lan neruske ngerjakana soal-soal. Thalita mung melongo nyadari yen jawabane salah kabeh.
            “Kaya kiye kyeh yen njawabe asal-asalan ora dipikir ndisit” Bathin Thalita.
* * * * *
            Bel pergantian jam pelajaran wis moni, Thalita langsung  panik. Asline dheweke gelem dikenalna maring Ardian nanging Thalita wedi yen Tantiana ngomong nek selama pelajaran dheweke mikiri Ardian wae kue kan ngisin-ngisinake, ditambah maning sikap salah tingkahe Thalita sing sering nongol yen Tantiana lagi karo Ardian.
            Thalita emang seneng maring Ardian, nanging Thalita ora pengin yen dheweke katon goblok neng ngarepe bocah lanang apa maning kue bocah lanang sing di senengi neng dheweke.
            “Yuh Tha, tak kenalke maring Ardian” Ajake Tantiana karo nglebokake bukune maring tas.
            “Ehh.. Na.. Aku...” Suarane Thalita rada gugup.
            “Nengapa ? kowe sih pucet ? mriyang ya ?” Tantiana katone rada kuwatir.
            “Iya kyeh Na, wetenge lara nemen” Thalita aapen-apen kelaranen.
            “Maring UKS bae yuh ?”
            “Ora usah Na..”
            “Laahh.. berarti ora sida tak kenalke maring Ardian rah.. ?” Tantiana rada gela.
            “ Gampang wis, kapan-kapan bae kenalane. Ora papakan ?”  Banjur Thalita maring WC, dheweke mlebu ing salah sijine bilik WC lan nutup lawange rapet-rapet. Nembe kiye Thalita milih ngumpet neng WC dari pada dikenalna maring bocah ngganteng ! bener-bener  ngisin-ngisinna !!!
* * * * *
# Sesuk dina...
            “Tha, wis mari lara wetenge ?” Pitakone Tantiana sawise Thalita mlebu kelas.
            “Ehh.. Wis koh Na. Aku wis sehat”
            “Dadi gagal yah wingi ? Padahal aku pengin nemen ngenalna kowe maring Ardian. Ardian lagi jomblo ikih tau ??” lLedeke Tantiana.
            “Jomblo ? Tapi.. Tapi nengapa ngenalnane maring aku ? Ehh... maksude neng sekolahan iki kan akeh bocah wadon liya”
            “Sebabe kowe lucu sih, hehehe” Tantiana nyengir. “Yen aku lagi kandah karo kowe pasti pengine ngguyu terus lan kowe bocahe asik, enak di jak kandah”
            “Ohh.. Ngono to”
            “Iya, temenan tau. Nanging kayane aku maksa koe ben kenalan karo Ardi ya ? Ngampurane ya ?”
            “Iya, ora papa ka. Sante bae sih karo aku. Nanging kayane kowe semangat nemen ngenalna aku maring Ardi ?”
            “Yeee.. Ora papa rah ndean. Ehh iya aku arep cerita maring kowe, tapi janji ya aja ngomong sapa-sapa ?”
            “Mmm.. iya wis, aku janji ora bakal ngomong sapa-sapaha”
            “Kowe ngertikan yen umure aku karo Ardian mung beda setaun tok ? Aku karo Ardian wis akrab nemen awit cilik. Maring ndi-ndi ya pasti bareng terus, nyampe wektu wong tuane aku lan Ardian cerai” Tantiana narik nafas banjur ngelanjutake ceritane. “Wong tuane aku lan Ardian cerai gara-gara Ibu selingkuh” Praupane Tantiana langsung lesu.
            “Selingkuh ?” Ulange Thalitha kanthi ati-ati, Thalita bener-bener ora nyangka.
            “Iya, karo mantan pacare. Ngisin-ngisinna yah ?” Jawabe kanthi nada sing datar.
            “Akhire aku lan Ardian melu Bapak nyampe saiki. Awit kejadian kue Ardian ora pernah seneng maring sing arane bocah wadon. Dheweke dadi bocah menengan, padahal asline Ardian kue bocahe asik. Setaun kepungkur, Ardian pernah seneng maring bocah wadon. Nanging bocah wadon kuwi ora bener “
            “ Ora bener ?” Pitakone Thalita bingung.
            “Iya, kuw bocahe seneng ngrokok, seneng mabok dheweke uga pengguna narkoba” Jelase Thalita.
            “Terus.. ??”
            “Ardian sayang nemen karo bocah kue. Ardian pernah nembak, nanging di tolak nengarepe wong akeh. Dheweke ngguyu-ngguyu tok kaya wong edan lan ngomong Ardian penakut sebebe ora gelem nyoba narkoba”
            “HaaHh.. Narkoba ??” Thalita dadi kemutan Doni, mantan pacare sing uga sama pengguna narkoba. Nanging saiki wis ninggal gara-gara overdosis.
            “Iya. Untunge saiki Ardian wis bisa ngelupakna bocah kue, nanging ya nyampe saiki durung nduwe pacar. Aku ngerasa Ardian wedi mbokan di tolak maning”
            “Ohh.. ngono to. Terus aku bisa mbantu apa ?” Thalita ora nyadar nawarake bantuan maring Tantiana.
            “kowe gelem mbantu aku ?” Thantiana ndelengake Thalita penuh harap. Thalita ngangguk lan tantiana katone sumringah.
            “Kowe gelem nyoba mereki Ardian ora ?”
            “Haaahhh .. ????”
            “Yen karo kowe tak dukung wis. Mbuh nengapa nek Ardian karo kowe aku ngerasa cocok. Senajan dhewek nembe kenal, nanging aku bisa percaya maring kowe”
            “Tapi..” Thalita rada ragu. “Yen Ardiane ora gelem primen ? terus aku uga nembe kenal seminggu. Laahh aku ora wani”
            “Sante bae, Ardian kuwi wonge apik. Ayuh sih Tha ?” Tantiana mohon maring Thalita.
            “Aku ora njaluk kowe pacarn karo Ardian, aku mung pengin kowe perek karo Ardian. Yen misale akhire kowe bisa pacaran apa ora, aku sih karepe kowe bae”
            “Iya wis nacak” Jawabe Thalita rada ragu.
            “Sing bener ? Kowe teman gelem ?”
            “Iya..”
            “Horeeeee....”  Tantiana meluk Thalita kanthi rasa seneng.
            “Aku ngelakukna kye kabeh mung kanggo nulung Tantiana, udu sebabe aku seneng maring Ardian !” Bathin Thalita.
* * * * *
            Meh sesasi sawise perjanjian kuwi, Thalita lan Ardian wis mulai akrab. Ardian uga cukup perhatian maring Thalita. Nyampe wektu Thalita lagi meriyang perhatiane Ardi luwih, ora kaya biasane.
            “Apa mungkin Ardian seneng maring aku yah ? Apa mung perhatian naring batir sing lagi meriyang ?”
            Pitakon-pitakon kuwi sering metu ing pikirane Thalita. Nanging Thalita ora pengin ngarepna luwih seko Ardi, sebab Thalita uga durung bisa ngelupakna Doni sepesnuhe.
            “Tha...” Suarane Ardi mbuyarake lamunane.
            “Ehh.. Ardi..” Thalita ngelirik Ardi sing wis ana neng pinggire.
            “Sih dewekan ? Atika karo Fira maring ndi ?” Pitakone Ardi maring Thalita.
            “Mbuh, neng kantin ndea” Jawabe Thalita>
            “Oh.. sih kowe ora melu ?”
            “Ora.. Aku lagi pengen dewekan”
            “Berarti aku ora olih mbatiri kiye ?”
            “karepe..”
            “Hmmm... Lagi ana masalah ya Tha ? Cerita sih ? mbokan aku bisa mbantu loh.. ??”
            “Ora ka.. Aku mung Lagi kangen tok”
            “kangen maring aku ya ?? hehehe..” Ledeke Ardian
            “Diihh.. Nggo apa kangen karo kowe. Kowene be wis ana neng kene”
            “Hehehe.. Iya sih. Terus kangen karo sapa ? Pacare ??”
            “Genanu sih iya, pacar. Nanging saiki wis dadi mantan”
            “Ohh.. Mantan to. Nengapa ora ketemu bae ?”
            “Pengine sih iya, nanging.....”
            “Nanging opo Tha ??” Takone Ardi penasaran.
            “Ora bakal bisa” Jawabe Thalita lesu
            “Ora bisa keprimen ? Nggari maring umahe bae sih, dadine kowe bisa ketemu rah ?”
            “Doni wis laka”
            “Oh, jenenge Doni to. Hmmm.. Emange laka primen sih. Bocahe wis pindah ?”
            “Udu, nanging.... Doni wis ninggal” Mripate Thalita wis merkabak abang, kayane sih arep nangis.
            “Ehh.. Ngampurane Tha, awit mau aku takon-takon terus. Aku bener-bener ora ngerti Tha” Ardian langsung mandengi Thalita, dheweke ngerasa bersalah nemen.
            “Iya Ar, ora papa”
            “Yen olih ngerti, emange ninggal nengapa Tha ?”
            “Overdosis”
            “Overdosis.. ?” Takone Ardian bingung.
            “Ya, overdosis narkoba. Kue kabeh gara-gara aku !!” Thalita bener-bener wis ora bisa nahan tangise, akhira Thalita nangis.
            “Nengapa gara-gara kowe Tha ?”
            “Aku mutusake Doni gara-gara dheweke ora gelem di rehabilitasi. Aku mung pengin Doni kaya genanu maning, sing durung terjerumus maring dunia narkoba. Nanging apa ?? Dheweke luwih milih narkoba dari pada aku !!! Sebenere aku uga ora pengin putus karo Doni, nanging wong tuaku ora setuju nek aku pacaran karo Doni. Padahal aku karo Doni padha bae sayang, nanging yo kuwi siji sing dadi masalah, Doni tetep ora gelem di rehabilitasi. Mungkin wektu kuwi dheweke ngerasa tertekan nemen gara-gara putus karo aku dadine dheweke nyabu. Doni ngerasa yen sabu-sabu lan sejenise bisa nggawe dheweke luwih tenang, dadine Doni nyabu lan akhire overdosis. Wektu aku ngerti Doni ninggal aku bener-bener setres, aku ora terima yen wong sing tak sayang wis ninggalna aku kanggo selamane”  Thalita nangis sesenggrukan.
            “Hmmm.. sabar ya Tha, kue udu salahe kowe kabeh. Kowekan wis ana usaha kanggo mrentah Doni ben di rehab, nanging dheweke ora gelem. Berarti Doni luwih milih nakoba dari pada kowe Tha” Jawabe Ardian nyoba nenangna Thalita.
            “Nanging Doni sayang nemen maring aku Ar, kowe ora ngerti Doni !”
            “Iya, senajan aku ora ngerti bahkan ora kenal sing jenenge Doni-Doni kue, nanging aku bisa njukut kesimpulan seko ceritamu Tha. Doni kuwe mung sayang karo NARKOBA udu kowe, paham !!” Bentake Ardi lan Thalita malah tambah nangis.
            “Tha.. Ngampurane ya ? Aku ora maksud mbentak kowe, aku bener-bener emosi” Ardi mandengi Thalita sing esih nangis gara-gara di gentak neng Ardi.
            “Tha.. wis sih, ora usah nangis terus. Percuma di tangisiha ora bakal balik maning”  Ardi berusaha nenangake Thalita.
            “Iya Ar.. omongane kowe bener. Percuma ditangisiha ora bakal balik maning” Banjur Thalita ngelap iluhe sing esih netes neng pipine karo mesem.
            “Naahh.. kaya kuwe rah mesem, kan dadine tambah ayu. Hehehe” Ardi nyoba ngehibur Thalita.
            “hemmmm... iyahhh” Jawabe Thalita karo mesem.
* * * * *
# Ing Umahe Thalita ...
            Tuuuttuutttt... Tuuuttttuuutttt.... Suarane Hp.ne Thalita moni, cepet-cepet Thalita ngangkat telepon sing jebulen seko Ardi.
            “Halloo...” Suarane Thalita mbuka telepon.
            “Halloo Tha, lagi apa ? kira-kira ngko sore sibuk ora ?” Pitakone Ardi ing telepon.
            “Mmmm.. Mbuh Ar, emange nengapa ?” Jawabe Thalita penasaran.
            “Mung pengin ngejak kowe dolan-dolan, ben ora sedih terus. Yen kowe gelem tapi ?”
            “Ohh.. Ya kena wis”
            “Sipp.. Jam 4 aku mono ya ??”
            “Okke..”
            “Ya wis, sampe ketemu ngko sore ya ??”
            “iya..” Akhire Thalita nutup telepone.
* * * * *

0 Response to "Cerita bahasa jawa " akulah yang terbaik untukmu"

wdcfawqafwef