Cerpen Jawa


Ukara Terakhir Kanggo Romy

A
Ku Romy hendratman umure aku 17 taun,aku kelas 3 Sma,sedelat maning aku bakal lulus sekolah,niate aku arep kerja neng Bali,kebeneran neng Bali ana sedulure aku sing ndue toko roti neng kana,aku arep liburan sisan nggeti kerja,sedelat maning UN enggal teka,aku wis siap nggo nglakonine. Akhire aku wis nglakoni UN lan sukses,bijine aku ya lumayan apik,aku seneng nemen bisa olih biji kaya kie,wis ora sabar aku pengen liburan maring Bali. Akhire dina sing tak impikna teka yaiku dinane aku mangkat maring Bali,aku wis siap – siap mangkat maring Bali tas,koper,lan oleh – oleh wis tak siapna lan akhire aku mangkat numpak montor mabur,sejam,rongjam tak enteni akhire aku anjog neng Bali,aku mlaku – mlaku lan terus mlaku,aku kaget ora tak dugi aku nabrak bocah wadon.
“ aduuh .. sapa siiihh?? Mlaku nganggo mata rah .. “
“ ya ngampurane sih,aku ora sengaja .. “
“ huuuh .. deleng kyeh teles kabeh kaose aku .. dasar pecicilan !! “
“ maap maap “
“ maap maap, mbuh lah aku arep balik .. “
“ eeehh .. woii arane sapa ?? aku Romy “
“ sapa sapaha, ora usah ngerti koe .. ”

H
Uuh .. dina pertama neng Bali be kaya kie,ora karuan nembe teka langsung gawe masalah,ana acara nabrak bocah wadon lah,kira – kira apa maning sing bakal kedadean ngko,aku mlaku maning ora let sue aku nemu umahe um Darmo,um Darmo yaiku ume aku sing neng Bali,um Darmo ndue toko roti sing akeh cabange,niate um Darmo arep ngejak aku maring tokone,mbarang wis neng ngarep umah aku ndelak.
“ Assalamualaikum ?? Um ?? Um Darmooo .. ??? aku Romy um .. “
“ Wa’alaikumsalam eh Romy, Romy anake mas Durik ya ?? ”
“ Iya rah um,anake sapa maning dong udu kue .. “
“ Hehehe .. koe wis gede yah Rom, ora kerasa wis 10 taun om ora ketemu koen “
“ Iya rah om,tambah ganteng ya aku ? “
“ Iya,Rom siki koen tambah gagah nemen .. “
“ Hehehe .. wis ndikit ya om,aku kesel arep ngaso ndikit  .. “
“ Iya wis .. aja klalen ngesuk dhewek dolan – dolan maring tokone om ya Rom .. “
“ Iya om, “
S
Auise kue aku langsung mlebu kamare aku,lan aku langsung nglegeg lan turu. Sejam,rongjam,telungjam, ora kerasa,jebule aku wis turu limangjam aku kaget nemen,jebule wis sore,wektune aku adus lan siap – siap mangan bengi bareng – bareng. Sauwise mangan aku nonton tipi karo anake ome aku,bocahe ayu nangis kue anake ome,dadine ya aku ora bisa nembak kae.
“ Ehh .. Romy,lagi apa Rom ?? mene kyeh njagong pnggire aku,dhewek nonton tipi bareng – bareng .. “
“ Ehh .. iya San .. “
“ Oh iya Rom,koen sih seneng film apah ?? “
“ Aku seneng film kae loh,sing metu jaringe,apa kaeh arane ?? “
“ Hahaha .. Owh Spider-Man ?? “
“ Nahh ,, iya sing kue ,. “
“ Hehe,jebule koen lucu yah .. “
“ Iya rah,men cah wadon pada lengket,dheweke ya kudu bisa ngibur atine,men bocahe ora GALAU .. “
“ Iya kweh,bener,dong pacare lucu kan wadone lengketb terus,kaya aku,aku be seneng ka bisa ngobrol karo koe,soale koen lucu nda .. “
” Idiih .. Emange koen hurung ndue pacar apahh .. ?? “
“ Kebeneran nembe putus minggu wingi “
“ Bisane putus ?? Emange ana masalah apah ?? “
“ Biasa lah,bocah lanang ka,doyan selinngkuh .. “
“ Oh .. ora kaya aku,aku lie setia .. “
O

Ra kerasa wis sejam aku kandah karo Mona,wektune aku turu kyeh,soale ngesuk arep dijak lunga dolan – dolan muteri Bali karo Om Darmo.
“ Oh,iya San,wis bengi kyeh,aku turu ndikiti ya .. ?? “
“ Iya wis,May Good Dream ya Rom “
“ Haaahh ?? panganan opo kue San ?? aku kayane nembe krungu panganan sing arane May Good Dream .. !! “
“ Olalah .. koe toh Rom,ndeso pisan sih,kue artine smoga ngimpi apik Romy “
“ Ehh iia dil .. Ya wis ya .. huuaaaahhh,ngantukk .. “
“ Iya wis,mana turu .. “
A
Ku mlaku maring kamar,ora krasa jebule wis jam 11 bengi,aku langsung nggletak neng nduwur kasur turuku.
O
lalah,wuaduhh .. Wis jam 7 esuk pimen kie,bisa – bisa batal acarane aku.
” Om ?? om Darmo ?? “
“ Apa sih Rom ?? “
“ Acarane sida apa ora om ?? “
“ Sida Rom,mana koen adus ndikit,men ngko langsung mangkat “
“ Iya om,Tak adus ndikit .. “
S
Auwise adus,aku langsung rapih – rapih,soale aku arep dijak lunga neng om Darmo,sauise rapih,aku langsung maring ngarep umah,soale wis dienteni ome aku.
“ Eh .. Rom,kyeh mene cepetan wis awan .. “
“ Iya om,sabar sih .. “
“ Iya iya .. Woles bae sih Rom,Justkiding Rom ..”
“ Idih,om Darmo gaya,ngmonge nganggo bahasa Inggris .. “
“ Gaul setitik lah Rom,men ora katon norak “
“ Owh iya om,kie dewek arep jalan – jalan maring ngendi ?? “
“ Maring toko rotine Om Rom .. “
“ Oh ya wis,langsung mangkat bae om,soale wis awan kyeh .. “
“ Siipp .. Rom .. “
O
ra let sue,aku tekan neng tokone om Darmo,jebule tokone gede nemen yah,kaya lapangan sing nggo biasa bal – balan. Aku mlaku – mlaku mandengi interiore,ehh .. ujug – ujug aku nabrak bocah wadon,mbrang tak deleng raine,olalah,jebule kue bocah sing neng bandara kae.
“ Ehh ..  ngampurane mba .. “
“ mangkane mas,mlaku kue nganggo mata .. “
“ Iya,maap .. “
“ Ehh .. kayane dewek pernah ketemu yah ?? “ “ Oh iyya ..aku kemutan,koe kan sing nabrak aku lagi neng bandara ?? “
“ Ehh iya,bener kueh,aku njaluk maap ya tentang masalah kae .. “
“ Iya,wis tak maapna .. “
“ Owh iya,koe arane sapa ?? “
“ Melly,dong koe Romy kan ?? “
“ Bener nemen .. eh ngesuk ana acara ora ?? “
“ Kebeneran lagi lakka acara kieh “
“ Tak ajak mlaku – mlaku gelem?? “
” Embb .. pimen yah ?? “
“ Iyya bae wis .. “
“ Embb .. Iyya bae wis .. “
“ Ngesuk ya tak jemput .. “
“ Jam pira Rom ?? “
“ Ya kira – kira jam 3 sorenan wis .. “
“ Oke .. aku bakal dandan ayu wis .. “
“ Temenan ya ?? “
“ Siipp .. Woles bae sih .. “
“ Ya wis .. aku balik ndikit ya .. “
“ Yaps .. Nganti ketemu ngesuk ya .. “
“ Oke .. Assalamualaikum ?? “
“ Wa’alaikum sallam “
S

Auwise kandah – kandahan lan janjian karo Mona,aku langsung marani om Darmo.
“ Wehh ?? Tus maring ngendi bae koen,tak geteni munyeng – munyeng ora ketemu – ketemu .. “
“ Ngampurane om,aku tus ndeleng – ndeleng toko miki .. “
“ Oh .. Ya wis,balik yuh .. “
“ Yuh om,napan aku wis kesel koh .. “
W
ektu wis sore,wektune aku balik karo ome aku.Sauwise neng ngumah,aku langsung adus lan nglegegan,ora kerasa matane aku kerasa ngantuk lan pengen turu,matane ora bisa melek maning nanging esih kepikiran karo Mona,sue – sue mikirna Mona ora let sue aku turu lali,nanging gara – gara mikirna Mona terus,dadi kegawa nang ngimpi,aku ngimpi mlaku – mlaku maring pante kuta,ing kana akeh nemen turis,aku kenalan lan njaluk foto bareng karo turis kae(biasa,nggo kenang – kenangan).Nanging pas lagi enak – enake aku ngerasa kaya ana sing netes,ehh .. pas aku tangi  jebule si Santti lagi nyiram raine aku,gara – gara aku ngelindur tetang Mona.
“ Heehh .. Romy,tangi aja nglindur bae koen .. “
“ Haah,Hahh .. ngapa San ?? “
“ Tangi Rom,miki koen nglindur .. “
“ Owh,Iya miki aku ngimpi mlaku – mlaku .. “
“ Owh ya wis,adus ndikit mana,kueh ilere blepotan nganti nang kuping .. “
“ Hahh ?? Apa iyya ?? “
“ Iya kueh,iiuhh,jorokk .. “
“ Iya wis,aku rep adus ndikit .. “
H
uuuhh .. Aku isin nemen yakin,gara – gara Santi weruh aku nglindur,apa maning weruh aku ilere blepotan,olalah .. Arep disog ngendi raine aku kieh tah ,, lah mbuh lah,ora usah diurusi,isin ya isin,isin ya ora papa,sing penting aja ngisin – ngisina (hehehe).Sauwise adus,aku langsung sarapan lan bar kue nonton tipi.Lagi asik – asik nonton tipi ujug – ujug Santi teka lan ngageti aku,
“ Dooorrr .. Hayooh kueh,wis adus durung .. ? “
“ Uwis yah,ora weruh wis ganteng nemen kaya kie .. “
“ Hehehe ,, iya lah aku percaya dong koe ngganteng .. “
“ Hee .. Owh ia ngomong – ngomong,koe be ayu ka,dong udu sedulur be wis tak pacari,nanging sayange koen adi walone aku sih yah,dadine ora bisa pacaran. “
“ Yee .. Emange koe ngarep nemen dadi pacare aku ya Rom,hehe ?? “
“ Ya ora patia loh .. “
“ Owh iya San,ngko sore aku kan arep mlaku – mlaku karo calon pacare aku,kira – kira tukukna apa yah ?? “
“ Coklat baen,dong ora ya kembang .. “
“ Kembang appa San? “
“ Kembang kamboja .. Hahaha .. “
“ Diihh .. temenan koh San .. Kie cius loh .. “
“ Ya maap,Rom,justkidding .. “
“ Justkidding sih hewan apah San ?? “
“ Olalah,Justkiding kue artine mung ngglueh Romy .. “
“ Wuaduh,emange ganti kapan kue kata – katane ?? “
“ Waduhh,Romy Romy .. Kuper nemen sih koen ,, “
“ Waduh,kuper opo meneh iku ?? “
“ Ya Allah,kuper ue kurang pergaulan “
“ Owh,kue nong,koen pinter jugi yah jebule ,, “
“ Iyya rah,anake sapa ndikit,papah Darmo gituh .. “
“ Hehehe .. Wis ndikit ya San,aku kesel .. “
“ Iya wis mana .. “
“ Owh iya San,dong bisa ngko aku digugih ya jam 2nan.. “
“ Siiip wis lah pokoke .. “
N
onton tipi jebule gawe ngantuk yah,gara – gara nonton tipi aku dadi ngantuk kaya kie,sauwise nonton tipi aku langsung maring kamar.Neng kamar aku nglegeg lan mbayangna mlaku – mlaku karo Mona.Sue – sue jebule matane dadi ngantuk yah,ora let sue aku langsung lali turune.Pas lagi turu enak – enak eh ana sing nggugih aku.
“ Rom,Rom tangi,wis awan kieh .. “
“ Hembb .. jam pira sih San .. ?? “
“ Jam 2 luih 10 menit kieh .. “
“ Haaahh .. waduh aku rep adus ndikit ah .. “
“ Ya wis mana,moga sukses ya ketemunane .. “
“ Siip .. “
Waduh .. Bisa – bisa aku telat kieh ,, gara – gara kesuen turu.Akhire aku cepet – cepet lan siap – siap.Sauwise siap aku langsung marani Mona lan langsung dolan bareng – bareng.
“ Rom ?? “
“ Iya Mon,ana apa ??”
“ Dhewek arep dolan maring ngendi sih ?? “
“ Gari melu bae sih,pokoke indah ka tempate “
“ Iya wis .. “
O
ra let sue aku anjog nang tempat tujuane,akhire aku langsung mudun lan dolan – dolanan nang kana.Sejam,rongjam nganti berjam – jam aku nang kana lan nganti akhire aku balik jam pitu bengi. Seanjoke nang ngumah aku langsung pamit balik lan ngajak ngesuk dolan maning.
S
auwise nang ngumah,aku langsung nglegegan nang kasur lan smssan karo Mona,lagi enak – enak turu ujug – ujug ana sing ngundang aku.
“ Rom ?? Romy ?? “
Krungu suara kue,aku langsung menyat lan njawab suara kue.
“ Dalem,ana apa ?? “
“ Kie Rom mene,ana film asik lan rame”
“ Film apa sih San ?? “
“ Film kue loh,Spiderman telu .. “
“ Apa iya ?? Ya wis aku nyusul mana “
“ Siip,tak enteni nang ruang tipi ya .. “
“ Ya wis .. “
O
ra let sue aku nyusul mana .. anjog nang kana aku langsung njagong nang pinggire Santi,
“ Eh San ?? ndi filme ?? “
“ Kie koh Rom,esih iklan .. “
“ Temenan ora ?? ngko jangan – jangan koe mbodoni aku kye .. “
“ Ora rom .. Cius .. “
“ Miie apa ?? hahaha .. “
“ Mie kamu apa sih yang ngga .. hahaha .. “
“ Idiiih,gaya pisan .. “
“ Iya rah .. Eh kue filme wis mulai .. “
“ Iya kueh,rame yakin .. “
“ Owh iya Rom,aku arep njikot jajan ndikit ya .. “
“ Iyya wis,sing akeh ya .. “
“ Siiipp .. “
L
agi asik – asik nonton,eh ujug –ujug lampune mati.Waduuh .. pimen kie ?? aku bocahe kan kecingan,ora tak sangka ujug – ujug ana lampu mabur.Ora tak sadar,aku langsung ndelak.” Huuuuaaaaaaaaaaaa .. Setttaaaaannn,San tolong .. “
“ Ana apa sih Rom .. “
“ Ora,miki ana lampu mabur .. “
“ Olalah,kue aku,nggawa lilin,dasar lanang – lanang kecing .. “
“ Owh,koe toh .. ngaget – ngageti baen . oh iya pimen kieh,mati lampu maning .. “
“ Sabar bae,biasa ka paling ya delat maning nyala .. “
“ Apa iya ?? “
“ Ia rom,paling ya limang menit .. “
S
 emenit,rongmenit dening lampune ora nyala – nyala,akhire aku kelayah turu,lagi lali – laline ujug – ujug ana sing nggugih aku.
“ Rom ?? Rom.wis nyala kieh.. filme wis mulai maning .. “
“ Huuuaaahhh .. ngantukk .. endi San .. ?? “
“ Kueh .. Lagi nglawan Sandman karo Spiderman ireng .. “
“ Wahh rame kueh,tapi enggal bubar .. “
“ Iyya koh .. Rapapa wis dari pada ore ndeleng .. “
“ Iya,oh ia,jajane endi ?? “
“ Kueh nang meja .. “
H
 uuuhh .. asik ugi yah nonton tipi karo Santi,ora kerasa wektu wis bengi,wektune aku turu soale ngesuk ana janji karo Mona.
“ Huuuuaaah,wis ngantuk kyeh San “
“ Ya wis mana turu Rom .. “
“ Koe ora turu San .. “
“ Ora lah ..
“ Ya wis,aku turu ndikit ya .. “
“ Siip,May good dream ya Rom .. “
“ May good dream to Santi .. “
S
 auwise nonton tipi,aku langsung nglegeg nang kasur,karo mbayangna Mona aku lier – lier matane ora bisa melek,ora kerasa ujug – ujug aku wis lali bae.
E
suk – esuke aku langsung tangi lan adus,sauwise adus aku langsung sarapan lan njemput Mona. Anjog nang umahe Mona aku langsung ngajak Mona mlaku – mlaku.
“ Mona,ayuh aja kesuen .. “
“ Iyya lie,sabar .. “
“ Oh ya Mon,aku arep ngomong sesuatu kyeh .. “
“ Ngomong apa sih ?? “(Apa jangan – jangan Romy arep nembak aku kyeh)
“ A .. A .. Aku pengen koe dadi pacare aku .. Pimen gelem ora ?? “
“ Hembb .. Pimen yah .. “
“ Iya siiihh .. “
“ Embb iya wis,lagian aku ugi wis seneng koe mbarang ketemu nang tokone om Darmo .. “
“ Haah .. Temenan kie ?? “
“ Iyya .. Rom .. “
“ Makasih ya Mon .. Aku Tresno Slirahmu Mona .. “
“ Aku ugi .. “
A
khire aku dolan – dolan nggo sing pertama jadian karo Mona.Atiku seneng pisan,bisa pacaran karo Mona,dina kie rasane kaya berbunga – bunga.Emang bener jare H.Rhoma Irama sing lagune judule ‘Kata pujangga’,nanging siki aku wis due pacar dadine uripku nggal dina diubengi nang bunga – bunga sing apik lan wangi.Setiap ketemuan aro Mona atiku ngerasa seneng pisan,lan nganti akhire aku wis pacaran karo Mona 2 wulan.Lagi ngerasa enak – enake,ujug – ujug Mona ngajak aku ketemuan nang tempat biasa.Pas aku lagi ketemuan aku kandah – kandahan karo Mona.
“ Hai .. Sayang,ana apa ?? Mending ngajak ketemuan,kangen yaaah ?? “
“ Hehe .. iya mas,aku kangen .. “
“ Temenan ?? “
“ Iyya .. Oh ya mas,aku arep ngomong sesuatu mas .. “
“ Ngomong apa ?? Cerita bae .. aku siap ngrunguknane .. “
“ Mas,aku arep lunga .. “
“ Haaahh .. Lunga ngendii ?? “
“ Aku arep lunga maring paris,kanggo nglanjutake sekolahku nang kana .. “
“ Nanging kan Mon,dewek nembe 2 wulan pacaran ??? “
“ Iya mas,aku ngerti,nanging Allah durung setuju dong dewek pacaran,aku esih due cita – cita lan mas pasti ugi kan?? “
“ I .. I .. Iya sih .. Nanging aku esih pengen pacaran Mona ?? “
“ Aku ya ugi,aku ugi paham perasaane mas,kaya mas ngerteni perasaane aku .. “
“ Terus,pimen karo hubungane dhewek 
“ Terpaksa dhewek kudu putus .. “
“ Gelem ora glem dhewek kudu putus Mon ?? “
“ Iyya mas,laka cara lia maning,seumpamane dhewek lanjut,aku wedi ngko aku bisa nyakiti perasaane mas,sing wis sayang karo aku .. “
“ Sebenere aku ora bisa kaya kie,nanging kudu kepimen maning,laka cara lia .. aku ya kudu ikhlas .. “
“ Iya mas,maapna aku ya .. Sedelat maning pesawatku arep mangkat .. “
“ Iyya Mon, Good lucking baby .. “
“ Iya mas,ukara terakhir nggo koe mas .. Aku Tresno slirahmu .. “

*** END ***

1 Response to "Cerpen Jawa"

Unknown said...

The King Casino Resort - Hertzaman
Find the perfect place bsjeon to stay, https://febcasino.com/review/merit-casino/ play, 바카라 사이트 and unwind at Harrah's Resort Southern herzamanindir.com/ California. https://tricktactoe.com/ Get your points now!

wdcfawqafwef