Contoh pidato jawa



Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh . . .
            Ingkang kula urmati Bapak Kepala SMA Negeri 1 Randudongkal , Bapak/Ibu guru lan rencang – rencang ingkang kula tresnani.
Kaping pisan monggo kula lan panjenengan sedaya sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti Allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia saengga kula lan panjenengan sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.
Para rawuh ingkang kulo tresnani
            Keresikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula lan panjenengan sedaya kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang, sehingga kulo lan penjenengan sedaya kedah nguri-uri lingkungan niki supaya dados pagesangan ingkang ayem tentrem ugi sejahtera. Njaga keresikan lingkungan punika salah sawijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.
Kula lan panjenengan sedaya perlu nyadari lingkungan kuwi panggenan kangge nggantungaken urip umat manungsa. Amargi meniko kula lan panjenengan sedaya kudu njaga lingkungan sesaenipun supados bumi ngasilaken keuntungan sanes kerugian utawi bencana. Salah sawijining cara njaga lingkungan yaiku njaga kebersihane kangge nyegah penyakit. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah ingkang kula lan panjenengan sedaya tresnani yaiku SMA Negri 1 Randudongkal. Menawi sekolah resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kangge ngresiki sekolah iki. Dampak positife yaiku kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik. Karesikan sekolah sageddi tindakake kanthi cara buwang sampah ing panggenan ingkang sampun di sediaaken.
Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten kiranging atur wicaten kulo nyuwun agunging pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh . . .

0 Response to "Contoh pidato jawa"

wdcfawqafwef